Yo wis ngene iki !

Menyo : We ke Kepala Desa nang kene! We ke wong kuoso neng kene! neng ojo sak karepmu dewe. We ke dipilih masyarakat kun mimpin ben podo ndueni arah sing jelas. Kabeh bidang ditanggungne nang kowe, dadi ojo mong nguripi bidang mu dewe.

Kang Genot : Cangkemmu menengo Le, we ke bayi dek ingi sore e gaya-gaya ngomongi aku. Aku wong kuoso, aku bebas karu kuasaku. We ra njowo urusan kene!

Menyo : Yo sepurane Kang, neng iku ugak apik kang, wis cukupno Hasilmu sak mene. Ojo golek-golek neng ogak pener. Bapak pernah ngomong nang aku sak durunge ninggal, pas nang rumah sakit. "Le, urip iki dueono etika, lan dadio wong sing berbudaya"

Kang Genot : Aku lurah Genot, wis dipilih wong kene kbeh.!

Menyo : Lha tapi, kowe dipilih yo kerono duitmu. Gek saiki, kowe rumongso enek tuntunan ganti rugi, mbalek modal. kabeh coro mbat tok lakoni. Kui salah kang!

Kang Genot : Kui urusanku! kowe gak sah sok suci.

Menyo : Aku kur ngelingne kang! Kae njenengan bar ngadili wong sing gawe rusuh nang Rt 07 Dukuh Asem Asem, ngadili etika, ngadili budaya. Aku yo ngerti kang sampean mbelo sing salah. Kerono wis diwei duit 10 juta. Ben perkarane ugak sampe tekan polisi.

Kang Genot : Cangkemu (brang,,,karu dupak Menyo) Menengo minggato, tak ngge bal-balan sisan, lek sampek kowe nyebarne perkoro iki.

Menyo : Aku yo ape ngalih kang! neng Aku pesen! Wong ngadili perkoro etika kie yo ndueo etika.

Kang Genot :  Ora sah marai! Ojo mbalik rene meneh. Iki urusanku, iki lak anku. Ojo ngatur ngatur! Minggato kono! As......!

Share this

Related Posts

Previous
Next Post »

Komentar